Belajar Pidato Bahasa Jawa ( pasrah pemanten , tinampi temanten, pambagyaharja )

apalagi anak muda jaman sekarang. kalo dah bisa bilang " yes or no " mereka pikir orang yang paling hebat. bicara dengan orang tua sudah tidak pakai aturan. kata " mboten ngertos " saja mereka tidak tahu artinya.
dengan adanya kondisi seperti itu saya mencoba menulis tentang pasrah pemanten , tinampi temanten, pambagyaharja. bisa digunakan saat prosesi acara pernikahan.mohon maaf jika ada salah dalam penulisan . temikasih sudah membaca .
selamat belajar. ingat bahwa kita orang jawa
1. Pambuka
Salam
- Panjenenganipun poro sesepuh
pinisepuh, ingkang satuhu kawuh ing kawruh, kaduk ruruh menawi paring dhawuh
pantes pinongka pangestu labet pana paugeraning unggah ungguh ingkang binakuh.
- Para alim ulama panuntun
kiblating pangarcana linambaran dhwuhing gusti gung kang maha kawasa, nggernya
ngupadi upa sarana pantes sinudarsana.
- Para sarjana sujana winasih
ingkang sampun sampat sampurna jengkap pamungkasing ilmi.
- Para tamu kakung sekalian garwa
ingkang winantu ing suka.
- Para tamu kakung saha putri
ingkang winantu ing suka basuki.
- Para tamu kakung miwah marmadu
ingkang winantu ing suka rahayu.
Sak derengipun kula
ngaturaken wasing gati keparenga kula mawidi puja mayunadha wonten ngarsaning
gusti gung kang maha kawasa awit sumarasamaneka warna, ingkang sampun
pinarengaken dhumatheng kulo panjenengan sadaya wujudipun boga, wastra,
kawilujengan, katentreman, karaharjan, ngantos kulo panjenengan saget anetepi darmaning
agesang wonten madyanipun bebrayan. Mugi-mugi gusti gung kang maha mirah paring
pitedah temah handayani bingah basuki rahayu kang sami tinemu.
……………………………….. (isi)
penutup ..
2. Pasrah
Temanten
Panjenenganipun Bp … ( ingkang
Nampi ) ingkang ngemban jejibahan wonten madyaning pawiwahan pantes hanampi
pakurmatan.
Kulo sinaroyo panjenenganipun Bp
… Ibu … (orang tua manten kakung ) pinangka duta kinen hangaturaken salam ta’lim
katur panjenengan. Ing mangke mugi kaaturaken penjenganipun Bp … Ibu … ( orang
tua manten perempuan ) mugi handayani rahayuning sedya badhe miwoha putra
temanten.
Sinusul lumaraping sekar cepaka
mulya sajuga wimbane temanten kakung Bg … tanaya Bp. … IBu … ingkang pidalem … mugi
kadhaupaken kaliyan Rr … Pawestri siwi Bp. … Ibu. … ingkang pidalem … anut
satataning budaya lumampah / pinercoyo.
Panjenenganipun Bp. … ( ingkang
Nampi ) lumaraping temanten kakung kinanten sarana tiyang apala karma wujuding
:
1. … ( bantuan / syarat )
2. …
3. …
Rahayuning sedya wiwahaning
risang temanten. Kula dherek sesanti mugi rahayu kang sami tenemu. Paripurnaning
pawiwahan kula saha kadang besan pemekaring risang temanten kakung nyuwun
pamit.
Penutup.
3. Panampi
temanten
Panjenenganipun Bp. … ( ingkang
pasrah ) ingkang ngemban jejibahan luhur wonten madyanipun bebrayan pantes
hanampi pakurmatan.
Paring salam ta’lim panjenengan
kulo tampi ing manke badhe kulo aturken panjenengannipun Bp. … Ibu. …ingkang
hamengku gati, kinarya dados sarana rahayuning sedya anggennya miwaha putra nut
satataning budaya ingkang lumaksana.
Pinasrahing temanten kakung Bg. …
tanaya Bp. … Ibu … ingkang pidalem ing … ugi kulo tanupi ing mangke tumunten
badhe kapanggehaken minurut satataning adat widhi widhoma ingkang lumampah
kalian Rr. … pawestri siwi Bp. … Ibu … ing …
Sedaya peparing pinongka sart
saraning apala karma kulo tamp. Sedaya sih kadarman kulo ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan
penutup
4. Pambagya
harja
Para
tamu kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki.
Penjenganipun
Bp. … Ibu … ingkang hamengku karso. Ngaturaken sugen wilujeng rawuh penjengan
sedaya wonten madyaning sarono ing dalu/ siang menika, tumunten kesekecaaken
anggennya lelenggahan wonten madyaning pawiwahan ngantos paripurno.
Para
rawuh kakung soha putri.
Sinaosa
sampun kacetho aturipun Bp. … Ibu …. Ingkang hamengku karsa, lumantar atur
menapa dene sarining serat sedhahan, prayogi menawi kula angambali atur, bilih
penjenenganipun Bp. … IBu. … ingkang hamengku karsa anetepi darmaning wreda
mikramaaken saha awiwaha putri pawestri pun Rr … kalian Bg … tanaya Bp. … Ibu. …
ingkang pidalem ing. … awit nugrahaning
gusti kang maha kawasa soha pangestu saking para tamu winantu ing karaharjan
tebih saking pambengan.
Para
tamu ingkang winantu ing suka rahayu.
Mboten
kesupen panjenenganipun Bp … Ibu … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo
pepindan, sedya sih kadarman panjenengan. Ingkang awujud eguh pratikel, bahu
suku ingkang handayani rahayuning sedya tumapaking karya mugi – mugi sih
kadarman panjenengan pikantu leliru ingkang satraju.
Para
rawuh ingkang satuhu inurmatan.
Mboten
kesupen Bp. … Ibu. … nyuwun pangapunten sedaya kekirangan samukawisipun,
anggennya caos palenggahan, atur pasugatan kirang mrenani penggalih
panjenengan.
Penutup
5. Penutup
Mekaten anggen kula
ngaturaken … (pasrah/pinampi/pambagyaharja)
wonten sisip saha kirang susilaning akrami, kirang jumbuh kalian penggayuh,
kirang trep kalian panganggep, malah kepora nerak wales sangkering bebener,
keparenga para tamu paring agunging samudra baludhaging pangaksama. Dhumateng
pribadi kawula. Kaleksaning sadya, kasembadaning penggayuhkula nderek asesanti
mugi rahayu kang sami pinanggih.
Nuwun .
https://www.blogger.com/blogger.g?blogID=2293906674310339839#editor/target=post;postID=6728677674787422997;onPublishedMenu=posts;onClosedMenu=posts;postNum=1;src=postname
dari : Bp. H. Suharto, S. Pd
dari : Bp. H. Suharto, S. Pd
Arti tembung satraju , punika punapa gih.
BalasHapus